Selasa, 16 Agustus 2011

Tanggap Wacana atau Pidato Bahasa Jawa Dinten Pahlawan 10 November

Assalamu’alaimum wr. Wb.
Bapak – bapak, ibu – ibu warga negari Indonesia ingkang kinurmatan. Ing saben tanggal 10 November bangsa kita Indonesia tansah mengeti dinten ageng inggih punika dinten Pahlawan.
Kados sampun kita semerepi sadaya bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing kotha Surabaya wonten prastawa perang ageng ing antawisipun arek – arek Surabaya ngusir penjajah ingkang mbonceng Inggris (sekutu) lumarap ing tanah Jawi. Saking semangat arek-arek Surabaya lan kalajengipun pejuang rakyat ing daerah sanesipun. Ing salajengipun damel horehing donya, ngantos Dewan Keamanan PBB tumut campur tangan ngengingi prastawa punika.
Kanthi semboyan “ Rawe – rawe rantas malang-malang putung:.
“ Mandeg ambleg, mundur ajur “.
“ Mati siji tuwuh sewu “.
Bapak – bapak, ibu – ibu warga bangsa Indonesia. Ing pengetan punika boten kula jlentrehaken sedaya prastawa ing tanggal 10 November 1945, nanging semangatipun ingkang kedhah kita betahaken. Semangat pejuangan pahlawan kangge nindakaken pejuang ing babagan pembangunan.
Kanthi rahmating Allah SWT Pahlawan Indonesia sampun saged ngrebat wilayah Surabaya. Kula mboten saget ngalekaken mekatin kemawon pejuanganipun arek Surabaya ingkang dipun pimpin dening panjenenganipun pejuang ageng, inggih punika semangat Bung Tomo, ingkang kanthi sora ngagungaken asmaning pangeran :
“ALLAHU AKBAR! ALLAHU AKBAR!”
Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten ing jaja-jaja bangsa Indonesia kangge mbangun negari Indonesia. Kanthi berjuang “Sepi ing pamrih rame ing gawe”.
Kathah para pejuang ingkang ndepani bantala mbela bangsa lan negari. Kangge putra lan puthu ing tembe. Pramila mangga sesarengan kita lajengaken punapa ingkang dados pejuanganipun para pahlawan.
Ing salabeting kita merdika kita taksih berjuang, mboten kangge merangi penjajah nanging kangge merangi kemiskinan lan kebodohan.
Pramila mboten wonten awonipun mangga kangge ngenget jasa pahlawan., kita ngeningaken cipta sekedhap kangge para pahlawan ingkang sampun gugur ing medan juang. Mugi-mugi amal lan kesaenanipun ketampi ing sisihing Gusti.
Kula cakepi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kirangipun atur mawantu – wantu nyuwun pangaksama. Mugi – mugi bangsa kita angsala taufik lan hidayah.
Wassalamu’alaikum wr. Wb. Nuwun.
Karna hidup punya banyak rasa untuk harimu